#aji mung
Explore tagged Tumblr posts
Text
POE AKHERAT
- Rukun anu ka 5 (lima) nyaeta : “ Wal Yaomil Akhir”. - Tegesna percaya kana Poe Akhir.
- percanten yen Alam Semesta ieu bakal ruksak, nekanan poe akhir nyaeta Kiamat.
- sasaran paham eta mah kana Kiamat Jagat Kabir jigana mah moal kasorang ku anak incu.
- Ayeuna mah kedah ngalirik kana Jagat Shagir, nyaeta Jasad Urang, anu bakal ti heula nekanan poe akhir, nyaeta Pupus atawa Wafat.
- anu kudu dipikiran mah, sing gede kasieun.
- Kudu buru-buru nyiar elmu supaya katepi kana Ma’rifat ka Alloh, bisi kaburu maot ! kapan sieun ku Naraka ?
- Kedah ti ayeuna di aji eusina, dirasakeun, margi Rukun Iman teh Bibit rahayu Dunya Akherat.
- Keur di dunyana moal keuna ku hukum penjara, sabab laku nu goring dijaga, da nu Maha Suci ngayakeun Rukun Iman teh pikeun Pamageur Nafsu anu Awon.
- Atuh di akheratna baris pinanggih sareng Ka-Nikmatan.
QODHO JEUNG QADAR
- Rukun Iman anu ka 6 (genep), nyaeta : “ Wal Qodri Hoerihi”.
- Tegesna timbang-timbang papasten hade sareng goring.
- ari Alloh mah mung midamel Suci, anu sae-sae, da anu goreng mah eta ti Idajil tea,
- sakumaha anu parantos dijelaskeun ti payun.
- Kieu geura ngama’naan Rukun Iman anu ka 6 mah :
“ Urang kudu percaya sing tigin, upama jalma waktu hirupna teu aya kadaek, teu daek nyiar elmu, teu daek ibadah, teu daek ngabakti ka Nu Maha Suci,
- eta anu kitu dimana engke Maot/Wafat, nyawana bakal tigebrus ka Naraka (nempuh ka teu ngeunah) anu langgeung.
- Meunang siksa kubur, sakarat mah geus puguh”.
- Jadi nyorang 3 kali siksaan.
- Tapi sawangsulna, upami jalma anu hirupna suhud neangan elmu, Sareatna, Tarekatna, Hakekatna, Ma’rifatna geus kasusul,
- bari kersa amal ibadah “Hablumminalloh Wa Hablumminannas”.
- Tah eta bakal meunang untung, benghar ku kanikmatan (Sawarga).
- Teu ngalaman siksa keur sakarat, siksa kubur, sareng siksa Naraka.
- babaran Rukun Iman anu ka 6 mah, mangrupa mungkas tina Rukun Iman.
- Sakali deui ari percaya teh kedah sareng Ma’rifatna.
- Sabab upama ngan semet percaya wungkul, bari teu jeung Ma’rifatna, disebatna teh Iman Taklid srg Idlal tea, henteu dugi ka Iman Tahqiq.
- Sareng ari Iman teh aya 2 perkara
1. Iman kana Dzat Sifat-Na Alloh bari sareng Ma’rifatna. - Ieu mah bagean elmu Hakekat.
2. Iman kana Parentahna Alloh, kedah ngalakonan Rukun-Rukun-Na.
- Ta ieu mah bagian elmu Sareat.
- Kitu oge upama nuju kaayaan jagjag waringkas.
- Kumaha upami jasadna parantos teu walakaya ? panginten moal tiasa ngalaksanakeun Rukun Islam sagemblengna, sapertos Sholat, Puasa, Munggah Haji ?
- Saleresna ari Iman mah ulah pegat, kedah teras Iman ka Nu Marentah-Na.
- da pikeun anu parantos Ma’rifat mah, sanaos jasadna parantos teu walakaya oge, pasti moal hilap, moal samar, da henteu kedah sareng praktek, malah teu lisan-lisan acan.
- Margi parantos ngaraos ngahiji, teu ngaraos papisah, nuju calik, leumpang, nangtung, ngarenghap, henteu weleh sasarengan (Akrob). Da ieu wajib sanes fardhu.
- naon dasarna pangna disebat Wajib ?
- Geuning sanggeum hadist oge : “ WA KHAWAIDUL IMANI WAJIBUL WAJIB AN’YALAMA”.
Anu hartosna :
Kabeh umat wajib pada weruh kana Iman. Nyaeta kana Iman Sajati.
- Tadi eta mah Wajib sanes Fardhu. Ari Fardhu anu kumaha ?
- Ari Fardhu mah, tina parentah wajib anu parantos di olah deui ku Kanjeng Nabi Muhammad Rosululloh SAW miwarang ibadah ka Alloh.
- Kedah pisan rumasa tur tumarima, margi Asal Urang, Usik Malik Urang teh disareng ku Manten-Na.
- upami urang teu kersa ngabakti, teu ibadah ka Manten-Na, atuh jadi nyaruaan, papak henteu aya luhur handap.
- Fardhu mah dina ibadah Syareat . - Wajib sareng Fardhu teh, basana oge 2 rupa, tapi sing ngahiji sing ngagulung.
1 note
·
View note
Photo
Some days ago Aji posted some new scenes on Twitter. Unfortunately I can’t understand korean, so if someone is able to do it, please tell me what’s going on.
76 notes
·
View notes
Text
Ramen
So... this isn’t the authentic, cook the broth from literal bones kind of Ramen.
Unfortunately.
One day I’ll do that.
Actual Tonkatsu Ramen broth.
But for today.. a Monday and work night.. here’s a decent substitute. At least I think so.
A lot of the ingredients are from Trader Joe’s.. love that store!
Last night, we had Chana Masala on Naan topped with Spinach & Kale Dip and garnished with Pistachios. The Chana Masala was pre-made and from the frozen section and it was actually pretty good. I was going to make a yogurt sauce and then was like, “I wonder what the Spinach & Kale Dip would taste like instead?” Delicious. The Spinach & Kale Dip is from Trader Joe’s as well.
Anyway.. on to the Ramen!!
Ingredients: Trader Joe’s: Miso Ginger Broth Chili Sesame Oil Crunchy Chili Onion Topping Fully Cooked Pork Belly Baby Corn Green Onion Mushroom & Company Multipurpose Umami Seasoning Mung Bean Sprouts Other: 2 tbsp. Kikkoman Aji-Mirin Umami Broth (World Market) Dark Soy Sauce 2 Eggs Ramen Noodles How to Make: 1. In a saucepan, boil water. Take the cold eggs and place into the water. Only boil them for 6 minutes. Placing the cold eggs into the already boiling water and only cooking them for 5-6 minutes is very important for the texture of the yolk. 2. While the eggs are cooking, heat a frying pan on medium-high. Place the Fully Cooked Pork Belly into the pan with 2 tbsp of oil - I used chili infused olive oil - and allow to brown until crispy on both sides. 3. Pour the carton of broth into another saucepan. Add 2 tbsp. Kikkoman Aji-Mirin, 2 tsp. dark soy sauce, a dash of the Umami Broth packet (I literally only used a dash), and 1/2-1 tsp. of the Mushroom Multipurpose Umami Seasoning. Cook on low-medium until just simmering. 4. Submerge the eggs into an ice bath to stop the cooking. 6 minutes should make the yolk soft and jammy. 5. To marinate: Peel and place in a small shallow bowl just big enough for the two eggs. Pour dark soy sauce over the eggs until covered halfway. You can turn the eggs over to marinate the other side in a few minutes. 6. Boil water and cook the noodles. I bought some ramen noodles from World Market that cooked for four minutes. 7. If the pork is brown and crispy on both sides, remove, place on cutting board and let rest. Do not cut yet. 8. Fry the baby corn and mung bean sprouts in the same pan - you will get the flavor of the pork in the corn and sprouts this way. 9. Using a sharp knife, cut the pork belly into the thin slices. 10. Strain the noodles and separate into your bowls. 11. Pour the broth over the noodles. Add your additional ingredients to your bowl. Top with the Sesame Chili Oil and Crunchy Chili Onion Topping.
Enjoy!
XO.
0 notes
Photo
Ajinipun mung aji tekad, ilmunipun ilmu pasrah, rapalipun adilipun Gusti.
0 notes
Text
"Nang dunyo iki mung mampir ngombe"
Mak aji
0 notes
Text
Thought via Path
SETUNGGAL MUHARAM Tanggal 1 Muharam, minangka pengetan taun anyar Islam dipengeti dening warga Jawa kanthi maneka warna. Kenang apa kok 1 Muharam iki dadi sawijine bab kang sakral tumraping warga Jawa.....? Bab iki amarga proses akulturasi budaya Islam lan Jawa kang dumadi nalikane jaman pamarentahan Sultan Agung. Sadurung dumadine proses akulturasi, wong Jawa isih nganggo penanggalan Saka tinggalan Aji Saka kang migunakake metode srengenge. Nalika iku ing dalem taun 1555 Saka Hindu kang padha karo taun 1633, kangjeng Sultan Agung netepake konsep penanggalan Jawa, saka adhedhasar puteran srengenge (Syamsiyah) diganti mawa rotasi Mbulan (Komariah). Pengantian sistem penanggalan iki lumaku ana wewengkon pulo Jawa lan Madura, nanging ora kalebu Banten. Amarga wektu kuwi Banten dudu wewengkone Mataram Islam. Bab iki bisa diwaos ana ing Primbon Adji Çaka Manak Pawukon 1000 Taun kang ditulis nganggo basa Jawa. Nalika iku, penggantian penanggalan Saka Hindu marang Saka Islam dumadi ing taun 1555 Saka kang bebarengan karo tanggal 1 Muharam 1043 Hijriah. Bebarengan uga karo tanggal 8 Juli taun 1633 Masehi. Penanggalan anyar kasebut ora banjur ngilangi taun 1555 Saka, nanging nerusake taun sing ana. Saliyane iku, uga ngganti jeneng sasi / wulan, saka basa Hindu / Sansekerta dadi basa Arab utama memper Arab. Nanging jeneng pasaran, pawukon apa dene taun tetep nganggo jeneng Jawa asli ora malih. Ing kene katon kawicaksanane Kangjeng Sultan Agung ing babagan agama, budaya lan politik. Maneka Warna Pengetan ing Sasi Suro Ing sadengah papan ing tanah Jawa, sasi Suro dipengeti kanthi maneka cara. Ing kraton Surokarta Hadiningrat, saben malem siji Suro bakal nganakake arak-arakan kebo bule kang diwenehi jeneng Kyai Slamet. Kebo bule minangka kewan kang dikramatake dening kraton lan sawetara warga sakupenge kono. Sedheng ing tlatah kraton Ngayogyakarta dhewe pengetan sasi Suro dianakake kanthi tapa bisu ngupengi beteng kraton, kanthi nggawa piranti pusaka. Lelaku tapa bisu iki kaanakake ing malem Suro, wanci tengah wengi nganti tabuh telu sadurunge subuh. Kabeh sing melu nglakoni ora oleh alok apa maneh nganti ngobrol nganti rampung anggone ngayahi lelaku. Sedheng esuke dianakake Grebeg Suron, yaiku arak-arakan tumpeng gedhe sing digawe dening kraton lan diarak tumuju ing alon-alon. Sawise tekan alon-alon, para warga biyasane padha dene rebutan isi tumpeng. Ana sing oleh segane, lawuhe apa dene campurane. Rata-rata para warga kang padha melu rebutan sega tumpeng raseksa iki ora kanggo didhahar dhewe, nanging saperlu kanggo ngalap berkah. Muga-muga apa sing disuwun sadurunge rebutan sega tumpeng iki diijabahi dening Gusti Allah. Ing kutha Ponorogo Jawa Wetan, pengetan sasi Suro uga dikantheni acara Grebeg Suron. Adicara iki dipandhegani dening pamarentah Ponorogo mligi kanggo grmbakakake budaya lan wisata. Mung sing aeng nang kene, yakuwi dianakake Festival Reog Nasional kang dieloni para seniman reog ing sadengah Nuswantara. Saliyane iku uga dianakake larung sesaji ing tlaga Ngebel. Iki sing mbedakake karo acara grebeg Suron ing Jawa Tengah. Ing papan-papan liyane, pengetan sasi Suro kaleksanakake kanthi adus ing sendhang-sendhang utawa padusan liyane. Uga ana sing nganakake ritual kungkum nang kali tempuran, kaya kang biyasa dianakake nang Semarang. Ritual iki diwiwiti sepisanan dening Pak Harto suwargi (mantan Presiden RI kapindho), kang lumaku terus nganti saiki. Lelaku Pengetan Suro tumraping pribadi Menawa panjenengan uga kepengin nglakoni tarak brata ing sasi Suro kanggo pribadi, bisa katindakake ing ngisor iki. 1.Siram jamas (jinabad), siram iki bisa katindakake ana ing sendhang, belik apa dene tempuran. Sing penting niate kanggo reresik awak, jiwa raga kita pribadi. 2.Melek-melekan tekan tengah wengi, sokur dene bisa nglakoni tapa bisu, kanthi mlaku-mlaku ngubengi kampung utawa dhusun ing tengah wengi nganti ngarepake subuh. 3.Nglakoni pasa Suro, pasa iki paedahe kanggo reresik diri pribadi lan bisa kanggo kajat liyane. Anggone nglakoni bisa sarana ngebleng menawa wis kuwat apa dene kaya pasa ing sasi romadon kae. Jumlah dinane ganjil, kaya ta: sedina, telung dina utawa pitung dina. 4.Dedonga ing tengah wengi, ing latar utawa papan sing ora katutupan pyan. 5.Nyadran ing sareyane para leluhur utawa wong tuwa sing wis sumare. 6.Ing malem kawolu, gawe dhaharan arupa bubur Suran. Bubur iki arupa beras kang digawe bubur, diwenehi santen lan pandhan. Sabanjure diparingi jangan arupa opor lan sambel goreng, kanthi lawuh krupuk urang, bergedel, endhog dadar, timun, kacang goreng lan liya-liyane gumantung karepe ati. Nuwun – Read on Path.
0 notes
Photo
Yen ora ngati-ati anggone nata pakerti, manungsa mung bakal asor tanpa ana sing kober nyawang, tanpa ana sing lila ngajeni. Drajate manggon sangisore klarahan godhong jati garing. Tenan, bener welinge wongtuwa biyen. Mung jalaran tembung sakecap, laku sapecak, yen nerak ugeran, aku lan Panjenengan bakal dicenges wong sajagad sing bebarengan mbengok: "aji godhong jatiaking". Mentas dialoki ngono kuwi, aku lan Panjenengan ora luwih kajen tinimbang godhong jati garing. Banjur dianggep manungsa sing ora bakal migunani. Banjur dianggep manungsa sing mung bakal nyilakani. Mula ayo bareng ngati-ati. #BijakJawa #budayajawa #pepinget #kawruhjawi #bosojowo #pituturjawi
0 notes
Text
:: Serat Tripama ::
Yasan ndalem Kandjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo Mangkunagara IV
Dhandhanggula.
1. Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa samya anuladha, kadya nguni caritane, andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purune kang den antepi, nuhoni trah utama.
(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.
2. Lire lalabuhan tri prakawis, guna bisa saneskareng karya, binudi dadi unggule, kaya sayektinipun, duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas, katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji, Suwanda mati ngrana.
(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)
3. Wonten malih tuladhan prayogi, satriya gung nagari Ngalengka, sang Kumbakarna namane, tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami, duk awit prang Ngalengka, dennya darbe atur, mring raka amrih raharja, Dasamuka tan keguh ing atur yekti, de mung mungsuh wanara.
(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)
4. Kumbakarna kinen mangsah jurit, mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatriyane, ing tekad datan purun, amung cipta labuh nagari, lan nolih yayah rena, myang leluhuripun, wus mukti aneng Ngalengka, mangke arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana.
(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)
5. Yogya malih kinarya palupi, Suryaputra Narpati Ngawangga, lan Pandhawa tur kadange, len yayah tunggil ibu, suwita mring Sri Kurupati, aneng nagri Ngastina, kinarya gul-agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadegken senapati, ngalaga ing Korawa.
(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)
6. Minungsuhken kadange pribadi, aprang tandhing lan sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene sira pikantuk, marga dennya arsa males-sih, ira sang Duryudana, marmanta kalangkung, dennya ngetog kasudiran, aprang rame Karna mati jinemparing, sumbaga wirotama.
(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oleh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).
7. Katri mangka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung pra prawira, amirita sakadare, ing lalabuhanipun, aja kongsi mbuwang palupi, manawa tibeng nistha, ina esthinipun, sanadyan tekading buta, tan prabeda budi panduming dumadi, marsudi ing kotaman.
(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)
Werdining tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya. koswa, tentara. kadya = lir, pindha, kaya, seperti. nguni = jaman biyen, dahulu kala. andelira = andel-andele , andalan. ginelung = diringkes, dipadukan. guna = kapinteran, kepandaian. kaya = bandha donya, kekayaan. purun = wani, gelem, keberanian. nuhoni = netepi, menepati. trah = turun, tedhak, keturunan lir = kaya, teges, makna, arti. saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang. binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan. sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya. duk = nalika, ketika. dhomas = 800. samas = 400. tetela = cetha, terang, jelas. ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa. ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang. suprandene = parandene, sanajan darbe = duwe, mempunyai. raka = kakang, kakak. raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera. de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena. wanara = kethek, kapi, rewanda, kera. kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah. mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga. sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia. lenggana = nolak, mbantah, menolak. datan = tan, ora, tidak. labuh = berjuang. yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu. myang = lan, dan arsa = arep, ayun, apti, akan. punagi = sumpah. palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh. narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja. kadhang = sedulur, saudara. suwita = ngabdi, menghamba. kinarya = karya + in = digawe, dipakai. agul-agul = andel-andel, andalan. manggala = panglima manahe = atine, hatinya. pikantuk = oleh, mendapat. marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya. kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian. jinemparing = jemparing + in = dipanah. sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal. wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat. katri = katelu, ketiga. sudarsaneng = sudarsana + ing = conto. amirita = nirua, ikutilah. kongsi = nganti, sampai. dumadi = titah, makhluk. marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha. kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.
0 notes
Photo
Kawula mung Saderma, Mobah mosik kersaning Hyang Sukmo🙂🙏🏻 at Setiya Aji Flower Farm – View on Path.
0 notes
Text
Thought via Path
GARWA DADI MALA BOJO, anak, lan kapara nganti tekan sedulur, kudune dadi kanca kanggo mbangun kulawarga lan njaga praja. Ora mung jiniwit katut, apike salah sijine bakal dadi prayogane kabeh. Nanging kosokbaline, alane salah sijine, bebasan bakal ngglandhang carang saka pucuk. Sekawit sing diarani bojo iku wong liya. Dudu sanak dudu kadang, nanging bareng wis kaiket dening talining palakrama, sing maune dudu sapa-sapa, banjur dadi peranganing urip sing wigati banget. Bojo uga diarani sisihan. Tegese sing nyisihi jroning urip ing satengah-tengahe bebrayan agung. Sisihan iku sing melu bareng nyangga bot-karepotaning urip saben dinane. Kanthi sisihan, sesanggan sing maune abot, merga disangga wong loro, banjur dadi entheng. Ana maneh tembung liyane bojo lan sisihan, yaiku garwa. Sok-sok dikeratabasakake sigaraning nyawa. Diupamakake nyawa siji, yen disigar, sing separo arupa sing lanang lan sing separo maneh sing wadon. Yen mengkono, garwa iku ora mung asiling campuran, nanging arupa persenyawaan. Mokal bisa senyawa yen ora gathuk, ora keplok. Malah ora mung keplok, garwa uga lumrah disebut jodho. Banjur ana sing ngarani, yen mung golek bojo, ning ngendi wae bisa ketemu. Nanging yen jodho, kuwi wis mlebu wenange Sing Murba Jagad. Mesthi wae katrangan lan gambaran, klebu kerata basa mau, ana ing tataran ideal. Ideale wong salaki-rabi, ideale wong jejodhoan utawa omah-omah. Dene wohing jejodhoan mau lumrahe arupa turun utawa anak. Ya anak iku sing kerepe disebut minangka kaskayane wong mbangun bale wisma, luwih aji timbang apa wae, klebu tumpukane raja brana. Ora kalah karo bojo, tumrap wong tuwa anak mujudake “bandha” sing ora bisa ditaker kerta ajine. Ora bisa dibandhingake apa wae. Yen garwa iku sigarane nyawa, anak kerep diupamakake minangka “sempalaning daging-kulit”. Dene wong tuwa, tumrap anak, mujudake “sing ngukir jiwa ragane”. Ora kurang pituduh utama sing asung prentah lan pamrayoga amrih padha bisa anggone ngopeni anak utawa turun. Bojo, yen pancen dudu jodhone, bisa wae pedhot tengah dalan. Senajan wis entuk momongan, ora kurang sing banjur padha pegatan. Akhire dadine tilas bojo utawa tigasan. Nanging yen anak, ora. Ora ana tembung “tilas anak”. Anak tetep anak, senajan bapak lan ibune pepisahan lan duwe sisihan anyar maneh. Kuwi sing njalari tresnane wong tuwa, mbuh kuwi bapak, embuh kuwi ibu, marang anak akeh-akehe ngluwihi tresnane marang bojo. Keladuke tembung, yen bojone njaluk bisa semaya, nanging yen anake sing njaluk, prasasat sadhet-sanyet bakal nuruti anggere bocahe seneng. – Read on Path.
0 notes
Text
Thought via Path
DIAM, MAWAS DIRI, NGALAH 1. SIKAP PENDIAM: MUSTIKA KEHIDUPAN Aja gumampang ngeculake wicara panacad sarta pangalem, awit wicaramu mau durung mesthi bener, sing mesthi panacadmu: wis gawe serik, pangalemmu aweh wisa, endi kang aran becik, kabeh ala, kang sayoga mung meneng. Wong meneng iku musthikaning urip, katon ngumala pindha sotya sinarawedi, saben muni mung satemene. 2. ORANG PENDIAM: UCAPANYA DIPERCAYA Pangalem utawa panacad marang liyan, uni karo pisan iku padha ora kena diandel. Dene kang kena diandel, unine wong meneng. Saben muni iya temen. Liding dongeng: becik wong meneng tinimbang karo wong juweh. (MB) 3. ORANG PENDIAM: JAUH DARI MASALAH Wong meneng ana ing pajagongan, iku metu saka ing reribed (MB) 4. TEPA SLIRA DAN MAWAS DIRI Tepa slira lan mawas dhiri iku dadi oboring laku nggayuh rahayu, minangka jimat paripih tumraping ngaurip. Munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake watak drengki lan dakwenang marang sapepadhane. Sregep mawas diri ateges bakal weruh marang kekurangan lan cacade dhewe, wusanane tukul greget ndandani murih apike.(BBB 5. TAHU MENEMPATKAN DIRI Wong kang bisa mawas dhiri yaiku wong kang bisa manjing ajur-ajer, ngerti empan papan laras karo reh swasana sakupenge tanpa ninggalake subasita. Paribasane wong kang baut ngadisarira, aja mung kalimput dening busana bae, nanging bisaa tansah marsudi marang padhanging semu lan manising wicara tanpa nglirwakake marang alus lan luwesing solah bawa (BBB) 6. MAMPU MELAWAN DIRI-SENDIRI Sapa kang bisa nelukake musuh-musuhe, dheweke diarani kuwat. Ananging sapa kang bisa nelukake awake dhewe, dheweke iku kang luwih apik 7. MENEMPATKAN KEKUATAN PADA TEMPATNYA Sipate wong urip iku mesti kesinungan kekuwatan. Kang ngerti bisa ngecakake dene kang ora bisa ngerti kurang digladhi, temahan ora tumanja. Ngempakake kekuwatan mula ora gampang. Buktine ora sethithik kekuwatan kang empane ora mapan. Kawruhana yen rusake bebrayan ing antarane marga saka pakartine wong kang ngerti marang dayaning kekuwatane nanging ora kanggo nggayuh gegayuhan kang mulya, mung kanggo derenging ati 8. MENGALAH: PANGKAL KESELAMATAN Ngalah basa sakecap laku satindak: ana ing pajagongan, iku dadi witing kaslametan, ananging arang kang bisa nglakoni, kang akeh: milawani golek bener, mangka pancen rampung mung winangsulan: kados inggih leres pamaiben sampeyan, kula ingkang lepat: cuthel, ora susah direwangi pathenthengan, sing ngupahi ? 9. ORANG MENGALAH, JAUH DARI MASALAH; ORANG DIAM, DI LUAR MASALAH Wong ngalah clathu sakecap laku satindak, iku wis sumingkir saka ing pakewuh, dene wong meneng ana sajabaning pakewuh, awit wateking manungsa mung golek menang.(MB) 10. WONG NGALAH DHUWUR WEKASE Unèn-unène: wong ngalah dhuwur wêkase, iku nyata, ora ana wong kêduwung gone ngalah: ujar sakêcap laku satindak, ewadene arang sing gêlêm anglakoni, upama dicoba sinau ngalah kêpriye, aja sumêlang yèn bakal ilang êmut-êmutanamu intên, têgêse uni ala kang sumimpên, isa malih dadi bêcik, sumorot kaya cahyaning intên, beda uni ala kang wis kawêdhar, bali angrusak awak tanpa aji (MB) PENUTUP “Wong ngalah dhuwur wekase” Mbok yo podo eling “Sura dira jaya ning rat lebur dening pangastuti. at B2PLKLN CEVEST – Read on Path.
0 notes
Text
Thought via Path
SANGKAN PARANING DUMADI ====================== SAKDURUNGE MANUNGSO DUMADI/UTOWO SAKDURUNGE MANUNGSO LAIR ONO ING ALAM NDONYO IKI Manungso iku durung duwe jeneng (asmo/asma/nami/nama/aran/juluk/tetenger) ateges durung ono (utowo ORA ONO). sak wise Manungso lahir/Dumadi ..lagi duwe jeneng (asmo/asma/nami/nama/aran/juluk) ateges ONO, yen mangkono Manungso iku asale ORA ONO banjur ONO lan mbesuk bakal bali ORA ONO maneh utowo (NIRWONO)/SAMPURNO . kawedar ndamel boso ngoko..supados saget dipun penggalih ..sedulur ingkang mboten saget kromo..inggil..pangapunten . DENE Syarat-Syarat'e kanggo bisane Anggayuh papan kang bakal tekan sejatine urip kang langgeng mau.ora ujare sopo-sopo nanging amung anetepi kawruh kang temen-temen lahir bathin di weruhi yo iku jeneng kaweruh,ateges temen-temen weruh jeneng kaweruh. syarat-syarat iku bener dudu bener tumrape Manungso..hananging bener tumrape (........) WONG JOWO ORA WANI NYEBUT ASMANE AMARGO NJANGKAR /ORA SOPAN...yo iku GUSTI KANG AKARYO JAGAT GUMELAR SAGUNG DUMADI. PANGERTEN BAB ROSO LAN ROS ROSING ROSO yoiku pirantine urip... ROS ROSING ROSO yoiku getetane tetenger (utowo pilah2 ing roso) tegese roso iki ,roso ngene,roso ngono,roso mau kabeh..kawengku ing roso sawutuh (ROSO SEJATI) ROSO SEJATI yoiku roso kang ora biso owah gingsir. pilah pilahing roso sarono ros rosing roso.....roso mau kabeh kelet lengket ing badan alus lan wadag.. conto..roso kecut ,legi ,pedes ,asin,getir ,pahit ,gurih ,lan liyane iku roso..ono ing rosone ilat,termasuk roso ing badan wadag.. ono ing kene krasan ono ing kono krasan ..ono ngendi2 krasan, semono ugo roso gething,roso tresno,gemes ,pegel ,dendam, susah,bungah,iku mau ono ing ROSONING ATI (manah) ROSO kojur,mujur,eling,lali,getun,iklash,welas asih,nelongso..puniko .ono ngendi-ngendi ono lan ugo kroso ing bathin/budi/angono iku kalebu ROSONING PIKIR rehne wis cetho kabeh ROS ROSING ROSO,conto yen jangane kurang asin..lha iki cukup ditambahi uyah,ora susah banjur pegel..lan yen pekoro jangan kurang uyah bae banjur pegel ,nesu,lan muring-muring..yo iki sing di arani durung weRUH (ngerti) marang ROS ROSING ROSO PANGERTEN BAB (REH MANGUKUT/WARONGKO MANJING CURIGO Tegese..REH MANGUKUT iku..JIWO angukut ROGO,JIWO angringkes badan wadag.yen samongso iki badan wadag ono ing njobo,jiwo ono ing njero.. HANANGING YEN KAKUKUT, SANG jiwo angringkes badan wadag lumebu sak jeroning JIWO, JIWO ing kene ateges badan alus,banjur linambangake WARONGKO MANJING CURIGO poro ahli kebatinan/kasampurnan podho nggayuh sing koyo mangkono iku..yen manungso wis mangerti bab REH MANGUKUT..wong mau keno diarani SARJONO /SUJONO..keno ugo diarani WONG SEPUH,LIR ING SEPUH./wongsepuh mau.. 1.sepi howo 2.sepi ing pamuring 3.sepi ing pepinginan 4. anane mung urip sak lumrahe manungso lumrah. (SEPI HOWO AWAS LORONING ATUNGIL/ATUNGGAL) "BAB TEMBUNG KEBATHINAN" Tegese:OLAH BATHIN/NGOLAH BATHIN..ingih puniko ngladi tumindak engkang sae sae..jumbuh..antarane tumindak lan pangucap jumbuh lair lan bathine supoyo manungso gesang iku biso sampurno uripe ono donyo aherat tansah tumindak samubarang kabecik an ninggal sekabehing laranganipun GUSTI ING MOHO SUCI. "BAB TEMBUNG NGELMU" NGELMU iku kelakone kanti lelaku ..ngono iku cetho banget lan wenteh. yen wis ngerti kudu di lakoni/ditindak ake,yen to ora banjur aran ORA KELAKON...ateges muspro ngelmune,kasare rembug ono unen unen PINTER CRITO NANGING TINDAKE CACAT ORA RUMONGSO..opoto sejatine ngelmu iku.? NGELMU yoiku..KAWERUH SESURUPANING BATHIN, Lha yen wis katindakake kudu kanthi mantepe budi,nelukake angkoro murko ninggal tindak kang sarwo olo. "BAB TEMBUNG GUSTI" GUSTI iku soko tembung bagus ati utowo (bagusing ati) ati kang bagus iku ati kang resik suci/dumunung ono hyang widhi (gusti kang akaryo jagat ) mulo manungso yen biso nyucek ake atine lurus tumindak e luhur budine ,temen suci,/resik. ateges biso njumbuhake lahir lan bathine yo iku sing di arani Manunggale Kawulo lan Gusti. "BAB GHAIB ING GUSTI" kang di arani tembung ghaib iku tegese sawijining barang kang SAMAR. barang kang samar iku tegese,sawijining barang kang ora keno di grayang nganggo tangan,kang ora keno di deleng nganggo mripat,kang di arani cedak tanpo senggolan wadoh tanpo wangenan,gedene sak mrico binubut. DUNUNGE TEMBUNG AKU LAN SIR A =ALLAH KU =KUASA SI =SIFAT ROHMAN R =ROHIM PANGERTEN BAB LORO 2 NING ATUNGGAL... tegese...loro nanging nyawiji.. dununge: ono ing jiwo lan rogo JIWO iku pindane GUSTI ROGO:iku pindane KAWULO manunggale kawulo lan gusti yo iku kang di arani LORO 2 NE ATUNGGAL temenan kang sinebut AMOR. "TELU NING ATUNGGAL (DUNUNGE) ONO " 1.tetenger:(jeneng/asmo/asma/nami/nama/aran/juluk/tetenger) 2.ingsun:(AKU)rogo wadag(rogo sawutuh) 3. urip: (ALLAH) SEMBAH ROGO: sembahing awak/rogo(utowobadan wadag) CONTO:sembahyang semedi SEMBAH CIPTO(KALBU):sembahe pikir/akal SEMBAH JIWO: sembahe mental,budi (karakter) SEMBAH ROSO: pirantosing gesang ingkang tansah wonten korban perasaan. KAWERUH BAB ONGKO 0 NGANTI 20 KANG ONO GANDENGE MARANG SIFAT 20 ONGKO 0 = nol ,tegese nunjuk ake yen kosong,lungguhe ono bocah cilik isih kosong durung duweni kaweruh/pangerten opo opo/wang -wung. ONGKO 1 = SIJI , tegese soko tembung isi lan aji (isine aji) dudu ajine mas picis rojo brono.nanging ajine DIRI PRIBADI, dununge wong kang becik diri pribadine bakal di aji 2 karo sak podo padane mulo siji lungguhe ono ing GUSTI soko tembung BAGUSING ATI sing mujudake ongko siji (1) iku ongko 0 (nol) utowo ujude ongko siji iku soko ongko nol. ONGKO 2 = (LORO), dununge ono bopo lan biyung,lungguhe isi donyo iku loro cacahe,ono bungah ono susah,ono rogo ono sukmo,ono awan ono bengi,ono lanang ono wadon..lan sakteruse. ONGKO 3 = (TELU) dununge manungso duwe sifat telung prakoro, URIP,ROSO,ROGO/GOLEK.NYEKEK,MATEK,tumrap bebrayan BOPO,IBU , ANAK. ONGKO 4= (PAPAT) , dununge.manungso due sedulur papat, 1. mutmainah rupane putih-banyu. 2.amarah rupane abang- getih. 3. supiah rupane kuning-angin. 4.aluamah rupane ireng- lemah. yen ono petungan keno ugo keblat papat. ONGKO 5-(LIMO) dununge ono keblat papat limo pancer/lungguhe yen ono toto lahir ono ing ZISIM lan sing mikul pendoso. ONGKO 6=(NEM) soko tembung= nemu dununge ono sedulur papat limo pancer 6,ono ing ayang2an , toto lahir ono ing wetan,kidul,kulon ,lor,duwur lan ngisor. ONGKO 7 =(PITU) lungguhe ono dino akad,senin,seloso,rebo,kamis,jum'at,sabtu /onone kulit,daging,balung,sungsum,otot,lan getih. ONGKO 8 =(WOLU) tegese ojo uwal marang barang kang sing perlu ,tamtunipun tindak ingkang sae sampun ngatos lirwa ake ,lungguhe ono SEWINDHU 8 wolong tahun (WALI WOLU). ONGKO 9- (SONGO) iku pangertene bayi iku topo ono guwo garbane ibu suwene 9 sasi (umumipun), lungguhe ono ing wali wolu songo tinari/tinutup. ONGKO 10=(SEPULUH) dumadi soko ongko 1 lan 0...ongko iki wis paring sasmito marang manungso yoiku kumpule kawulo lan gusti,kang diarani SILIH -SINILIHAN.tegese= urip yen ora nyilih/nganggo ROGO biso mobah mosik kasampar kasandung prasasat tanpo aji.semono ugo ROGO yen wis dioncati dening URIP yo yo wis ora mobah mosik,tanpo aji,terange maneh,ongko 1,(siji) yen ora nganggo ongko nol (0) ora biso muni ongko sepuluh. ONGKO 11=(SEWELAS) dumadine ongko sewelas paring pasemon marang kito naliko bopo lan biyung dadi temanten di jejerake/di temok ake. ONGKO 12 =(RO LAS) 1.SIJI tegese URIP 2. tegese lanang /wadon yo bopo yo biyung pangertene 12 (rong elas) UTOWO RONG IJI / URIP 1 SIJI ngerong ono / manggon ono wong 2 (loro)yo bopo biyung. Ongko 13= (telulas) tegese URIP iku nguripi telung prakoro, dununge 1.nguripi manungso. 2. nguripi kewan2. 3.nguripi wit witan lan jagad sak isine. ONGKO 14=(PAT BELAS) tegese URIP IKU NGURIPI PATANG PRAKORO. 1.NGURIPI BANYU. 2.NGURIPI GENI. 3. NGURIPI ANGIN. 4.NGURIPI LEMAH. ONGKO 15=(LIMOLAS) tegese URIP NGURIPI LIMANG PRAKORO. 1.NGURIPI KUPING.(PANGRUNGU) 2.NGURIPI MRIPAT.(PANDELENG) 3.NGURIPI IRUNG.(PANGAMBU) 4.NGURIPI CANGKEM/LAMBE (PANGRAOS) 5.NGURIPI ILAT(PENGECAP) ONGKO 16=(ENEM BELAS) tegese URIP NGURIPI 6 PRAKORO. 1.NGURIPI MUTMAINAH 2.NGURIPI AMARAH. 3.NGURIPI SUPIAH 4.NGURIPI ALUAMAH 5.NGURIPI AYANG-AYANGAN 6. NGURIPI WUJUD GLEGER. ONKO 17 = (PITULAS) tegese URIP NGURIPI 7 PRAKORO. 1.NGURIPI WULU 2.NGURIPI KULIT 3.NGURIPI DAGING. 4.NGURIPI BALUNG. 5. NGURIPI SUNGSUM. 6. NGURIPI OTOT. 7. NGURIPI GETIH. ONGKO 18 -(WOLU LAS) tegese URIP IKU NGURIPI WALI 8 KAJOBO NGURIPI ROGONE UGO NGURIPI KALUHURANE/ASMANE. contone... nganti sak iki isi NGGONDO ARUM KALUHURANE LAN ASMANE. buktine nganti sak iki akeh wong kang podo sujud sumungkem ono ing PASAREANE. koyo ngono iku contone yen titah iku biso ngemong marang URIP KANG SEJATI. ONGKO 19 = ( SONGO LAS) ateges URIP IKU NGURIPI 9 PRAKORO. 1.NGURIPI KUPING......................... 2.(LORO). 2.NGURIPI MRIPAT.......................... 2 (LORO) 3.NGURIPI BOLONGAN IRUNG.... 2 (LORO) 4.NGURIPI LESAN ............................1 (SIJI) 5. NGURIPI DUBUR.......................... 1 (SIJI) 6. NGURIPI WADI.............................. 1 (SIJI). .------------ JUMLAH...............................................9 (SONGO) ONGKO 20 =(RONG PULUH?YO SIFAT RONG PULUH tegese.. URIP IKU NGERONG ONO BOPO LAN BIYUNG WONG LORO KANGGO NGERONG URIP 1 (SIJI) DADI LORO LORONING ATUNGGAL TOTO LAIR ONO ING KONO MULO IKU JEJERE MANUNGSO KENO DI ARANI (SASTRO JENDRO YUNINGRAT) . (SASTRO JENDRO YUNINGRAT) tegese TULISING GUSTI KANG CETHO DUMUNUNG ONO WUJUD ING MANUNGSO LANANG LAN WADON.MULO MANUNGSO BISANE NGGAYUH BUDI LUHUR/RAHAYUNING WIWITAN LAN PUNGKASAN,SENAJAN MANUNGSO IKU DIWENANG AKE DUWE KAREP NGGAYUH DONYO BRONO KUDU MANUT MARANG KRENTEG KE ATI KANG RESIK ,BISO O NGEMONG URIP KANG SUCI, NULI BISO SAMPURNO LAIR LAN BATHINE. BAB SEDULUR PAPAT LIMO PANCER 1. MUTMAINAH : lungguhe ono djantung wujude arupa banyu rupane putih wateke suci tur temen lawange ono IRUNG irung kuwi perangone awak kang temen dewe conto: ono wong goreng gerih.mripat dulung weruh nanging irung wis weruh,,buktine mambu.yen dinyatakke jebul yo nggoreng gerih temenan.ewo semono isih biso goroh. conto: trasi ambune ora enak nanging yen di pangan rasane enak,buktine di butuh ake wong akeh. conto maneh: kembang iku ambune wangi nanging yen di pangan rasane pahit. 2.AMARAH :lungguhe ono empedu (peru) wujude getih ,rupane abang wateke,keras ,angkoro murko/brangasan,lawange.ono.ing kuping.katerangane manungso biso ngrasakake olo l;an becik.margo duwe kuping ,manungso duwe karep olo lan becik margo soko doyone GETIH sebab getih kang gawe mobah mosike karepe manungso. mulo manungso tanp[o getih abang kahanan jagadora bakal rame koyo kang kito lungguhi sak iki. 3.SUPIYAH: lungguhe ono pusuh.wujude angin rupane kuning,wateke nggugu kasenengan utowo ngumbar HOWO NAFSU lawange ono ing mripat.mulo mripat iku keno di arani lanange jagad. mripat kanggo deleng barang gumelar, mulo manungso duwe roso pengen margo mripate weruh,supiah lawangane ono mripat wujude angin kang metu soko IRUNG. 4. ALUAMAH :lungguhe ono ing waduk dene waduk iku gedonge panganan.yen usus gedonge kotoran.ALUAMAH Wujud lemah rupane ireng .wateke seneng ngrasak ake panganan sing enak2 butuhe mung seneng/lan enak2 lawangane ono ing CANGKEM mulo biso ciloko yo soko cangkem soko tembunge dewe.mulo CANGKEM duwe teges: CANCANGEN SUPOYO MINGKEM, tembung olo lan becik iku manggone podo wae mulo tinimbang guneman tembung sing olo olo aluwung sing becik2. 5.DJANGKEPE 5.LIMO yo iku sing di arani URIP KANG NGURIPI PATANG PRAKORO ,KANG KASEBUT ING DUWUR utowo sing di arani sedulur papat(4) kalimo pancer yoiku pancere ono ing URIP KATERANGANE:MUTMAINAH,AMARAH,SUPIYAH,ALUAMAH ..kabeh di wengku deening URIP. KEBLAT PAPAT(4) LIMO (5) PANCER ING TOTO LAHIR manungso duwe tangan tengen manungso duwe tangan kiwo manungso duwe sikil tengen manungso duwe sikil kiwo kang kalimo(5) yoiku gembung: kang di arani a.BAITUL MAKMur B.BAITUL MUKAROM (MUHARAM) C, BAITUL MUKADAS (MAQDIS) TETELU MAU keno di arani TELU TELU NING ATUNGGAL. ********************1******************* – Read on Path.
0 notes
Text
Thought via Path
MEMAYU HAYUNING BAWONO Nuwunsewu....... Lumantar postingan meniko, kulo badhe posting ngagem boso jawi ingkang radi 'alus',mangke diarani admin'e mboten saget boso alus malahen menawi mboten sesekali posting ngagem boso kromo... He....he......he......hee.................. Kula badhe ngaturaken salah sawijining pitutur saking leluhur kula engkang asli tiyang Jawi inggih menika bab, memayu hayuning pribadi utawi Jati diri Mangga dipun simak sareng-sareng. "Dadi manungsa kuwi sing paling utama, aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihane. Apa maneh mamerake kasugihan lan kapinterane. Yen anggone ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti, dhonge pakarti kaya mangkono iku yo bakal ngengon awak-e dadi salah sawijining manungsa kang ora aji. Luwih prayoga turuten kae pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes kuwi yo mesthi bakal tumelung, lha... kang ndhongak mracihnani yen pari kuwi kothong tanpa isi." "Engkang nomer kalih, 'Sarwa Duweo rumangsa nanging ojo rumangsa Sarwa Duwe'. Iku yen ditulis genah, katone pancen yo mung diwolak-walik wae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Surasanane ukara kuwi yoiku, dadio manungsa kang tansah nuduhake watak kang kebak welas asih, wicaksana ing saben laku lan rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan." Aja malah nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak laku polahe. Yen nggayuh pepinginan ora maelu laku dudu. Samubarang pakarti nistha ditrajang wani." Matur sewuuun.... Mugi mugi tulisan kulo meniko ndadekaken inspirasi sangu urip sedulur sedoyo.... _WILUJENG DALU_ – Read on Path.
0 notes